Gurukul

Logo Pawiyatan Gurukul

Gurukul (Sansekerta guru "guru" utawi "master"; domainipun kul, saking kula, "kulawarga ingkang ageng") inggih punika jinisipun sekolah ing India, manggenipun ing ngalam, kanthi murid ingkang urip sesarengan kaliyan ara-araipun, urip sesarengan kaliyan ara-araipun, asring ing griya ingkang sami.[1] Wonten ing gurukul, muridipun manggén sesarengan kathi sami (drajatipun), boten ningali status sosialipun, sinau dhateng guru lan mbiyantu guru ing pagesangan saben dintenipun, ugi nyambut damel ingkang biyasa kemawon, kados ta ngumbahi, masak, lan sanèsipun. Tradisi guru-shishya (murid) punika tradisi ingkang suci wonten ing agami Hindhu, ugi ing pakempalan agami sanès ing India, kados Jainisme, Buda, lan Sikhisme. Limrahipun, guru boten nampi upah saking murid ingkang sinau dhateng piyambakipun. Ing pungkasanipun studi, murid nawaraken dakshina sadéréngipun nilaraken ashram. Gurudakshina punika sikap tradhisional, raos urmat lan panuwun, ingkang kadosipun meksa, nanging ugi dados tugas mirunggan kanggé murid ingkang badhé ngrampungaken sinaunipun.

  1. Cheong Cheng, Cheong Cheng Yin (2002). Subject Teaching and Teacher Education in the New Century: Research and Innovation. Springer. kc. 194. ISBN 9629490609. {{cite book}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search